Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sanjaya (Bahasa Jawa)

Arya Sanjaya abdi kinasihe Drestarastra 

Arya Sanjaya kuwi anake Arya Widura utawa Yamawidura lan Dewi Padmarini, anake wadon Prabu Dipacandra. Dene Arya Widura dhewe anake Prabu Kresnadwipayana utawa Begawan Abiyasa, raja negara Astina lan Dewi Ambiki utawa Ambalika.

Arya Sanjaya duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Arya Yuyutsuh. Sanjaya dadi andele lan emban pribadine Dristarastra utawa Drestarastra jalaran saka dhawuhe bapake, yakuwi Arya Widura.

Nalika pecah perang Bharatayuda, Sanjaya didadekake sekti mandraguna dening Begawan Abiyasa. Pamrihe supaya Sanjaya bisa meruhi lakune perang Bharatayuda saka njero kraton tanpa kudu meruhi dhewe apa kang dumadi ing perang gedhen-gedhenan antarane kulawarga Pandhawa lan Kurawa kuwi.
 
Daya kasektene Sanjaya kang mangkene iki kanggo nuruti pepenginane Drestarastra sing wuta nanging pengin weruh lakune perang antarane anak-anake, kulawarga Kurawa, kalawan para Pandhawa.

Prabu Drestarastra lungguh ing dhampar keprabon lan Sanjaya lungguh sila ing jobin, nemplek ing dhampar keprabon sing ana ing njero karaton. Sanjaya ngeremake mripate lan banjur nyritakake kabeh kedadeyan ing perang Bharatayuda kanthi cetha ceples kedadeyan sanyatane.
Prabu Drestarastra ngrungokake kabeh andharane Sanjaya lan wola-wali luhe Drestarastra dleweran nalika krungu siji mbaka siji anake, kulawarga Kurawa, mati ing pabaratan jalaran mbela tumindak lan sikep sing nerak bebener.

Rina lan wengi Sanjaya tansah ngladeni kekarepane Drestarastra. Nalika Bharatayuda wus rampung lan negara Astina dikuwasani dening Pandhawa sing pancen duwe hak, Drestarastra banjur metu saka karaton Astina lan mlebu ing alas gedhe kanggo ngudi kamoksan kairing dening Sanjaya. 

::Ichwan Prasetyo::

Posting Komentar untuk "Sanjaya (Bahasa Jawa)"