Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Dewi Erawati (Bahasa Jawa)



Dewi Erawati iku anak mbarepe Prabu Salya, raja nagara Mandaraka. Ibune Dewi Erawati jenenge Dewi Setyawati utawa Dewi Pujawati, anake wadon Begawan Bagaspati, pandhita raseksa ing pertapan Hargabelah.

Miturut sarasilah Parisawuli, Dewi Erawati duwe papat sedulur tunggal bapa biyung, yaiku Dewi Surtikanti (dadi sisihane Adipati Karna), Dewi Banowati (prameswarine Duryudana, raja Astina), Arya Burisrawa (satriya Cindhekembang) lan Rukmarata.

Dewi Erawati dadi prameswarine Prabu Baladewa utawa Kakrasana, lan uga kondhang kanthi sesebutan Wesi Jaladara, saka nagara Mandura. Dewi Erawati lan Prabu Baladewa nurunake anak loro sing jenenge Wisata lan Wimuka utawa Wilmuka. Ing antarane lelakone Dewi Erawati dicritakake nalika sawijining dina Dewi Erawati ilang amarga didhusta dening duratmaka. Duratmaka sing kasil nggawa mlayu Dewi Erawati iku jenenge Kartawiyoga utawa Kartapiyoga, anake Prabu Kurandageni, raja ing nagara Tirtakandasan.

Amarga kedadeyan kasebut, Prabu Salya banjur nggelar pasanggiri utawa patembayan lan medhar sabda, saksapaa sing bisa nemokake Dewi Erawati kanthi slamet, dheweke bakal didhaupake kalawan putri krajan Mandaraka iku. Pasanggiri Dewi Erawati iki ing jagad pedhalangan kondhang kanthi lakon Semar Mbarang Jantur.

Amarga pambiyantune Permadi utawa Arjuna, Kakrasana kasil nemokake Dewi Erawati lan uga kasil gawe morak-marike krajan Tirtakandasan. Prabu Kurandageni lan anake, Kartawiyoga, uga kasil dipateni dening Arjuna. Sabanjure, Dewi Erawati dipasrahake marang Kakrasana minangka sisihane. Minangka ubarampe upacara dhaupe Kakrasana lan Dewi Erawati, mbutuhake patah penganten. Pragota banjur diutus lan diprentahake supaya nggoleki patah penganten kasebut lan wusana sapatemon klawan Endang Werdiningsih. Dene Narayana kasil sapatemon kalawan patah penganten sing jenenge Dewi Jembawati. Sawise kabeh ubarampe upacara dhaupe Kakrasana lan Dewi Erawati pepak, kekarone banjur lungguh amping-ampingan minangka pasangan penganten. Kekarone urip mulya, tansah kalimputan kabagyan lan karaharjan lan sakulawargane. Kulawargane Kakrasana lan Dewi Erawati ora cawe-cawe nalika pecah perang Baratayuda antarane Pandhawa lan Kurawa.

Posting Komentar untuk "Dewi Erawati (Bahasa Jawa)"